mesin pencari

Custom Search

klik sini

Sunday, November 2, 2014

SEKATEN




Sekaten utawa upacara Sekaten(saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.

Grebeg Muludan
Acara pucuk Sekaten iku ditandai Grebeg Muludan sing diwontenaken ing tanggal 12 (persis ing dinten ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w.) wiwit jam 8:00 esuk. Dikawal kalih 10 macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, dan Bugis, setunggal Gunungan sing kadamel saking beras ketan, maeman dan buah-buahan sarta sayur-sayuan sing dibeta saking istana Kemandungan nglewati Sitihinggil lan Pagelaran nuju masjid Agung. saksampune didongani Gunungan sing nglambangke kasejahteraan kerajaan Mataram iku dibagi neng masyarakat sing nganggep anggene bagian saking Gunungan iku badhe betha berkah kangge tyangipun. Bagian Gunungan yang dianggep sakral iku badhe dibetha wangsul lan ditandur ing sawah/ladang supados sawahipun dados subur lan bebas saking bencana dan malapetaka.

Tumplak Wajik
Kalih dinten sakderengipun acara Grebeg Muludan, satunggalipun upacara Tumplak Wajik diwontenaken ing halaman istana Magangan jam 16:00 sonten. Upacarane nggih menika kotekan utawa dolanan lagu ngagem kentongan, lumpang kangge numbuk pari, lan enggalipun sing nandai wiwite saking pandamelan Gunungan sing badhe diarak wonten ing acara Grebeg Muludan mangke. Lagu-lagu sing diunekke ing acara Tumplak Wajik inggih meniku lagu Jawa populer kayata: Lompong Keli, Tundhung Setan, Owal awil, utawa lagu-lagu rakyat sanesipun..

No comments:

Post a Comment

klik ini

Entri Populer seminggu