mesin pencari

Custom Search

klik sini

Wednesday, October 1, 2014

Ki Narto Sabdo, Abimanyu Krama




Kacariyos  Raden Lesmana Mandrakumara Satriya ing Sarojabinangun, Pangeranpati Kraton Astina nembe ketaman kunjana papa dhumateng rajaputri Dwarawati ingkang asesilih Siti Sundari.  Siyang ndalu tansah gandrung kapirangu lan mothah dhateng ingkang rama Prabu Duryudana nyuwun kadhaupaken kaliyan atmaja putri Prabu Sri Bathara Kresna kasebat.

Awrat tinangisan ingkang putra, Sang Prabu Duryudana utusan Patih Sangkuni kinen lumawat dhateng Dwarawati ingkang saperlu ngebun-ebun anjang anjejawah sonten ngaturaken nawala panglamar konjuk Prabu Kresna, ingkang lajeng paring karampungan, bilih panglamaripun Prabu Duryudana katampi inggih dereng, katampik inggih mboten amargi sanadyan purba wonten Prabu Kresna, ananging wasesa wonten ingkang anglampahi, inggih punika Siti Sundari.  Wosipun Sang Putri sagah lelados dhateng sinten kemawon priya ingkang saged minangkani bebanaipun ingkang arupi Patah Sakembaran ingkang sulistya ing warni ingkang mandhap saking aldaka.

Bebeg penggalihipun Prabu Duryudana nalika bab punika kaaturaken dening patih Sengkuni nuju pasewakan ageng Nagari Astina.  Ewasemanten, Pandhita Durna malah manggalih benten.  Bebana ingkang kasuwun dening Siti Sundari dhapur nami limrah.  Amargi putri pinunjul mekaten tertamntu anggadhahi pepinginan ingkang ing tembe tertamtu wonten pigunanipun.  Mila badheya kados pundi Pandhita Durna saha Adipati Karna badhe budidaya amrih kasembadan pangajabipun Raden Lesmana Mandrakumara.

Ngantos tancep kayon paripaosipun, Raden Lesmana Mandrakumara mboten kalampahan dhaup kaliyan Siti Sundari amargi kados kita mangertosi, Siti Sundari  wusananipun dhaup kalyan Satriya Plangkawati, atmajanipun Raden Arjuna, inggih punika Raden Abimanyu. Ananging ingkang dados pitakenan punapa werdinipun dene bebana ingkang kakersaaken Siti Sundari awujud Patah Sakembaran ingkang mandhap saking aldaka.  Lajeng sinten putri kembar kalawau lan punapa sambetipun kaliyan Raden Abimanyu lan Pendhawa mliginipun.  Lan ingkang langkung wigatos, ilmu lan kawruh enggal punapa ingkang badhe binabar dening Ki Narto Sabdo ing lampahan punika???

Kados ingkang sampun-sampun, KI Nartosabdo nggancangaken cariyos punika kanthi runtut, meh mboten wonten sisipipun.  Wiwit  talu ngantos tancep kayon prasasat mboten wonten bageyan ingkang mboten penting.  Sedaya adegan katingal  gesang lan kraos bobotipun.

Pagelaran ing pendhapi agung negari Astina upaminipun. Dupi midhanegt pelapuranipun Patih sengkuni, ketingal bebeging panggalih sang prabu lan aturipun Pandhita Durna ngarih-arih sang prabu ketingal gesang lan “masuk akal”.  Ki Narto Sabdo ugi mboten kaseupen  nglebetaken piwucal lan pangertosan enggal babagan sastra lan budaya jawi kalebet ilmu unggah-ungguh ing sela-selaning “dialog”.

Jangkeping lampahan ingkang awujud file MP3 punika saged panjenengan undhuh ing blog Mengenang Ki Nartosabdo.  Ngiras pantes antur uninga dhumateng para sutresna bilih saking eguh pratikel lan budidayanipun kadang kula Mas Prabu, Mas Edy Listanto, Mas Widjanarko lsp sampun kepareng atur pisungsung kanthi mbangun blog mligi kangge “Mengenang KI Narto Sabdo”

No comments:

Post a Comment

klik ini

Entri Populer seminggu