mesin pencari

Custom Search

klik sini

Saturday, October 4, 2014

AKU LIBURAN NENG MALANG




 
 
Aku liburan neng kutha Malang, Jawa Wetan, kutha sing apik banget katimbang kutha liyane neng Jawa. Kutha Malang wis dibangun wektu Walanda lan dina iki isih ana akeh omah saka wektu kuwi. Wong-wong sing lunga menyang Malang isa ndelok piye wong Landa urip senajan wong Jawa ora (utawa durung) isa urip kanthi apik.
 
Isih padha dina iki. Wong Jawa sing sugih urip neng omah sing gedhe, kaya omah-omah wektu Kolonial, senajan wong Jawa lumrah kudu urip neng omah sing cilik utawa wong Jawa sing mlarat urip neng omah elek cedhak kali. Uripa mengkene, akeh-akehe wong Malang seneng. 

Cacahe wong Malang kira-kira 1 yuta senajan ana wong-wong sing kandha cacahe saiki wis 1,5 yuta lan iki utawa taun ngarep Malang arep dadi taun kutha sing gedhe banget, kutha gedhe nomor 4 neng Indonesia.
Senajan mangkono Malang kuwi kutha sing ijo lan resik. Ora ana akeh sampah amarga wong Malang ora ngregedi kuthane dhewe sing ditresnani. Amarga Malang ijo banget, ana jenenge liya "Malang kutha kembang", lan mesthi ana pasar kembang sing gedhe banget lan akeh pasar liyane uga. Pasar sing daksenengi banget yaiku pasar manuk lan pasar iwak.

Ana akeh papan sing kondhang neng Malang. Ing Malang ana akeh greja lan mesthi akeh mesjid. Nanging swasanane adate apik. Akeh papan parwisata sing isa diketemuake menawa wong-wong kepengin libur neng Malang. Papan kaya viara utawa puri, gunung api kaya Bromo, Semeru, Kelud utawa Arjuna, akeh papan agrowisata neng Batu utawa wilayah Bromo lan Semeru lan uga akeh papan banyu panas.
     
Amarga mangkono, akeh wong asreng libur neng Malang. Mung ana siji hotel saka Indonesia sing isa mlebu daftar "100 leading hotels of the world" ana neng Malang uga, jenenge "Hotel Tugu".
Wong sing kepengin sinau sujarah Jawa kudu lunga menyang Kabupaten Malang amarga Kraton Hindhu Majapahit lan Singosari duwe pusat neng wilayah kuwi.

Nanging uga ana mahasiswa-mahasiswa pinter sing sinau neng Malang lan ora neng kutha liyane. Jarene cacahe mahasiswa neng Malang munggah saben taun dene cacahe mahasiswa neng kutha liyane (kaya Jogya) mudhun. Mula ana jenenge liyane kanggo kutha Malang yakuwi kutha pelajar. Pemkot Malang dimongkogake babagan kuwi dadi Pemkot uga duwe program-program kanggo mbiyantu mahasiswa-mahasiwa kaya "gratis hot spot", tegese taun kepungkur Pemkot kuwi bangun 75 papan "hot spot" kanggo masyarakat.
Saben taun ana akeh kegiyatan kanggo lan saka masyarakat Malang, contone "Karnaval Kembang", "Malang Kembali Festival", "Karnaval Lampion", "Malang Marathon" lan liya-liyane.  Amarga iklim neng Malang adhem akeh wong 'olah-ragan'. Mula Malang uga duwe club bal-balan sing kondhang: Arema Malang.



No comments:

Post a Comment

klik ini

Entri Populer seminggu