mesin pencari

Custom Search

klik sini

Wednesday, June 1, 2011

NASIBE BOCAH NGAMEN

Ing taun 2009, aku lan mbakyuku plesir menyang depok marang umahe pakdheku. Ing kana aku lan mbakyuku mlaku-mlaku menyang kampung rambutan. Sedalan-dalan aku lan mbakyuku ngerti wong kang ngamen ora mung wong enom tua, nanging akeh bocah cilik kang uga melu ngamen. Aku trenyuh menawa ndelengi bocah-bocah kang ana dalan iku kudune bocah-bocah iku padha sekolah, nanging mbuh amarga kahanan utawa bab liya saengga bocah-bocah iku malah urip turut dalan.
Nalika aku lan mbakyuku mandheg ana warung mie ayam, ana bocah cilik lanang kira-kira 8 tahun ngethungake tangan menyang aku saperlu njaluk paringan dhuwit. Sadurunge tek wenehi, bocah mau tek takon sekolah ora, dhewekemangsuli menawa ora sekolah. tak takoni meneh omahe ngendi, deweke nyauri menawa omahe uga ing daerah depok. Bocah iku jenenge Danang duwe adhi isih cilik. Danang banjur cerita menawa adhine sing isih cilik mau uga diajak ibune ngemis ana sadalan-dalan.
Tanpa sadar, eluhku unga mbakyuku netes sawise ngrungokake ceritane Danang. Danang banjur dajak mangan mie ayam bareng aku lan mbakyuku. dheweke keton seneng banget. Sawise mangan rampung mbakyuku ngelung dhuwit marang Danang. Kanthi bungah atine, Danang ngaturake panuwun. sawise itku danang pamitan lunga.
Dina iku pancen dadi dina kang duwenimakna tumrape aku uga mbakyuku. Patemonanku karo Danang ndadakake aku bisa luwih ngajeni parange ibu & bapak pranyata ora kabeh bocah bisa sekolah, isih akeh sedulur-sedulur ing kana kang mbutuhake pitulung. Mulana awake dhewe patut ngucapake syukur dene awake dhewe isih bisa sekolah, ora kaya bocah-bocah kang ana ing dalan iku.

No comments:

Post a Comment

klik ini

Entri Populer seminggu